Membuat LPG Sendiri, Bisa Hidup 24 Jam Nonstop

Budi Soelaiman, sing gawe Albakos

Gegeran bab warta mbledhose gas elpiji, utawa saya langka lan larang regane gas kuwi, mesthi wae dadi masalah kanggo rakyat lan pamarentah dhewe. Njur kepiye so­lusine? Tekan saiki durung ana kabar sing bisa njawab kanthi jlentreh. Malah kadhangkala pamarentah mung uncal-uncalan tanggung-jawab antarane pe­padha birokrat lan pejabat. Nah gagasan kreatif sing bakal dipratelakake iki mbok menawa bisa dadi solusi alternatif.

Sanajan penemuan bahan bakar gas saka uwoh, utawa saka sampah organik dudu bab sing anyar, nanging nyatane pancen akeh sing durung nggunakake utawa mraktekake kanthi langsung.

Ing tangane priya saka Karanganyar iki, proses produksi biogas digawe luwih prasaja, gampang, lan murah, nanging tetep efektif nalika digunakake. Kanthi inovasi lan eksperimen bola-bali, ngasil­ake mesin prasaja kanggo ngolah sam­pah dadi gas sing efektif lan ramah ling­ku­ngan. Sanajan mung lagi skala omah­an, nanging ide kreatif iki uga bisa dadi peluang usaha sing menarik.

“Mesin iki dijenengi Albakos. Sing­katan saka Alat Biogas Konsumsi Sam­pah,” ujare Budi (49), sing uga kondhang diundang bapak biofuel iki.

Sawise nemokake mesin ciptaane kuwi, priya iki uga mbukak pelatihan bab gawe biogas ing kantore sing arane Agro Makmur. Ora nyana peserta sing ndaftar akeh lan teka saka wilayah sa-Indonesia. Kantor pelatihan Agro Mak­mur kuwi mapan ing desa Doplang, Ka­rangpandan, Karanganyar, Jateng.

Perangan blower (kipas)

Priya sing jeneng komplite Soelaiman Budi Sunarto iki ngandhakake, mesin albakos bisa ngolah sampah organik ga­ring dadi gas sing bisa digunakake mi­nangka bahan bakar. Bahan bakar kuwi, sawetara wektu iki bisa dianggo kanggo konsumsi ing skala omahan. Kanggo sampah garing 5 kg bisa ngasilake gas sing murup wetara 2 jam.

Njur kepiye sistem kerjane piranti mesin iki? Lan sampah jinis apa wae sing bisa diolah dadi biogas skala omahan?

“Pisanan kita kudu duwe mesin alba­kos dhisik,” imbuhe Rudi (21), sawijining instruktur pelatihan ing Agro Makmur.

Mesin Albakos iki dirancang dhewe dening Pak Budi. Perangan mesin ana 4 komponen utama. Yaiku tabung kanggo wadhah pembakaran (wujude kaya ro­ket, kanthi tutup kerucut/tumpeng), ru­ang compres lan uga dadi pendingine, blower (kipas angin), lan kompor kang­go metune murube gas. Saben kompo­nen kuwi disambungake karo pipa.

Miturut Rudi, mesin kuwi ana 2 tipe, yaiku tipe cilik lan gedhe. Tipe cilik kanthi daya listrik wetara 60 watt, lan bisa nampung sampah garing wetara 5 kg. Bisa ngasilake gas murup tekan 2 jam. Albakos tipe cilik iki didol kanthi rega Rp 4 juta sa-pakete. Saengga wis dadi me­sin komplit sakompore.

Menawa kompor metu kebul, siap diurubake

Albakos tipe gedhe kapasitase we­tara 50 kg sampah garing. Mesin iki bisa ngasilake murupe gas geni wetara 8 jam. Tipe cilik lan gedhe jan-jane bisa murup tekan 24 jam, nanging kudu ajeg diiseni sampah garing. Saklorone uga dikompliti pengatur tingkat gedhe lan cilike murupe geni.

Sawise mesin albakos siap, diwenehi banyu sacukupe ing wadhah sakubenge compres utawa pendingin. Bab iki kang­go njaga kebul sing metu (compres), lan sisan kanggo ngadhemake suhu. Saban­jure, nglebokake mawa areng ing tabung pembakaran. Kanggo tabung albakos cilik cukup 1 kg mawa areng. Njur nglebok­ake sampah garing ing dhuwure mawa areng mau. Sawise kuwi, blower diurup­ake. Dienteni nganti kebule metu saka dhuwur tabung. Menawa kebul wis me­tu, njur nutup tabung. Nunggu tekan bolongan gas kompor metu kebule.

Menawa bolongan kompor metu kebul, pancing gas kanthi nyumet korek ing cedhake. Gas njur bisa murup dhe­we, lan kompor albakos wis diarani siap kanggo masak apa wae. Prinsipe ing kebul sampah organik mau ana wetara 30% gas metan. Mesin albakos siji iki bisa disambung kanthi pirang-pirang kompor gas sisan. Saengga bisa dimak­si­malake fungsine.

“Kanthi kompor albakos iki, murupe geni luwih bening lan irit. Irit ragad lan irit wektu,” imbuhe mbak Larsi (24), sa­wijining instruktur sing uga makarya ing pusat pelatihan Agro Makmur.

Miturut dheweke kanggo mbandhing­ake, menawa masak 1 liter banyu tekan mateng dibutuhake wetara 7 menit ngang­go gas elpiji. Nanging nganggo gas kompor albakos iki mung butuh wektu 4 menit supaya banyune mateng. Kajaba kuwi faktor bahan baku sampah sing murah lan gampang digoleki, mes­thi wae dadi nilai plus dhewe bab irit ragad kuwi.

Malah ora mung kuwi, saka ruang njaba utawa sakubenge compres/pen­dingin sing isi banyu mau, bisa diasilake zat cair ireng sing arane Venol. Miturut penelitian zat iki bisa dianggo minangka obat anti septik.

Sampah Kulit Gabah Garing Paling Apik
Nglebokake sampah garing ing ndhuwur areng

Sampah sing bisa digunakake kanggo bahan baku biogas iki maneka werna. Po­koke jinis sampah organik. Bisa saka wit-witan utawa ma­nung­sa dhewe. Sya­rate mung prasojo, yaiku sampah kuwi kudu garing saduru­nge diproses ing njero mesin albakos. Supaya asile biogas apik, saben sampah dhuwe tingkat garing dhewe-dhewe.

Misale sampah saka pari, yaiku dami. Nggaringake sam­pah iki bisa luwih sampurna kanthi cara dilebokake ing njero ruangan utawa kamar sing mligi. Saengga ora kena hawa teles, lan supaya garinge alami. Kanthi cara iki, potensi zat metan sing dikandhut ing njerone bisa dijaga ku­walitase tekan proses dadi biogas meng­kone.

Sampah liyane yaiku bambut garing, sisa saka selepan pari. Saengga goleke sampah iki kari mara menyang selepan ing desa-desa. Menawa jinis iki bisa di­keringake kanthi dipepe ing panas sre­ngenge. Regane uga murah.

“Biasane kulit gabah 1 truk gedhe mung direga Rp 200 ewu. Saengga sa-karung cilik paling mung Rp 500 utawa Rp 1000 wae,” ujare mbak Larsi meneh.

Sampah liyane yaiku saka industri kayu utawa pemotongan kayu. Tilas tugelan kayu biasane nyisakake bubuk kayu utawa grajen. Nah grajen iki uga bisa dianggo bahan biogas. Liyane bisa dijupuk saka sampah pasar lan omahan. Misale kulit duren, klobot jagung, utawa bathok klapa. Proses nggaringake bisa langsung dipepe ing panas srengenge.

Sing unik malah sampah saka barber shop, salon, utawa tukang potong rambut wae uga bisa dimanfaatake. Pranyata sampah rambut sing katon ora migunani kuwi bisa didadekake bahan dasar gawe biogas. Potensine uga apik jalaran kepetung bahan organik murni. Nanging kelemahane yaiku ganda sing khas saka rambut sing diobong. Mesthi wae bisa njalari wong-wong sakubenge mesin albakos kudu nutup irunge dhewe-dhewe.

Adedhasar asil uji coba piranti Alba­kos, pranyata sampah barmbut garing paling apik dianggo bahan biogas. Ora mambu, murupe bening lan luwih suwe utawa awet murup. Kajaba kuwi, regane uga paling murah tinimbang jinis sampah liyane, marga ajeg ana ing pasaran uta­wa alam.

Indonesia Sugih Sumber Bahan Biogas

Dicabute subsidi rega minyak tanah kanggo dikonversi menyang tabung gas elpigi, nyatane ora kabeh masyarakat bisa nampa. Bab iki jalaran masyarakat durung siap kanthi mental lan finansial kanggo nggunakake gas elpiji. Apama­neh ing wektu ora suwe regane uga munggah mudhun, nanging kerep akeh munggahe. Lan pemerintah dhewe uga ora bisa njamin bab pasediyan sing lancar ing pasar. Kerep-kerepe gas elpiji langka utawa angel digoleki.

Nah tinimbang mung gembar-gembor thok, utawa demo tanpa solusi, saengga butuh kreatifitas saka masyarakat dhe­we. Ngelingi negara Indonesia sugih banyu lan sorote srengenge, saengga diwenehi lemah sing subur. Mesthine bahan-bahan sampah organik cacahe akeh sak nemlak saka buwangan sam­pah industri pertanian, omahan, utawa industri liyane.

Saka asile sampah organik kuwi ngandhut kira-kira 30% gas metan. Sa­engga eman menawa ora dimanfaatake kanthi maksimal. Udakara mesin alba­kos, pranyata dadi teknologi pengolahan sampah organik sing paling praktis, murah, efisien, lan solutif. Mligine kanggo njagani langkane bahan bakar sing dise­dhiyakake dening pemerintah. 
pasang iklan banner
 
InnOnet © Copyright 2011-2015 Notifikasiku. All Rights Reserved.
Bloggers.com Kisah Unik Dibalik Berita Kisah Unik Dibalik Berita blog search directory
blog linksLocal blog Kisah Unik Dibalik Beritablog directory